Kene kene,rene lungguh kene mass
omong omong dikepenakke
E.ee.e..ee..Oke oke wae
Pancen perlu kanggone aku kowe..dikk
Mumpung lego aku arep takon..mass
Yen to pancen kowe tresno aku..
Ben kowe soyo leh percoyo
Tak wangsuli cobo takon opo
Yen ku mangan,lawohku lawoh tempe
Wes mestine ,Aku yo lawoh tempe dikk
Yen ben isok Ben sehat aku dede
Kewajibanku Aku ngancani dede
Yen dong bokek Sithik wae ra ono duwit
Cepet cepet nonggo tak utangke..
Kepenak ..ra kepenak darling
Mati urip Barengan sak Lawase
Yen kowe lungo bareng karo aku
Ruh wong ayu.. Kowe njur kepiye..
ra orane..Aku kepincut de e
paling paling Mung nglirik sithik wae
Sirah mumet mergo masuk angin..mass
Opo kowe saguh ngeroki
Tak gosok tak pijeti terus
pokoe nganti kowe mari
yen njur mlaku Ra njarak kesandung watu
Tak tambani Watune tak gebuki
yen ning ndalan onok paijo nggodo aku.
Yen paijo cilik
tak tantang tak pentelengi
Yen kliyengan ning ndalan trus semaput
Yo mestine aku melu
Lhooo....
Opo tenan,Mati urip karo aku
Wani sumpah ,saksine langit bumi
Sing pungkasan ,Rungokno pitakonku
Demi cinta ,Aku kudu ngugemi
Yen wis nasib Awakku ndisiki mati
Opo yo kowe saguh ngancani
Pitakon ojo aneh aneh
Marakke bingung Piye lehku mangsuli