Nelongso roso rasane
nangis jroning atiku,
Yen kelingan esem gemuyumu..
Laras sworo gending tresno
gawe kangene atiku,
Tansah eling aku ro sliramu..
Duh kangmas sak tenane aku ngerti atimu,
Neng wis pestine aku du jodomu..
Pancen roso kari roso,
kudu lilo nggonmu nerimo
Lilakno aku nyanding priyo liyo..
Ra keroso wis sewindu
nggonku ora ketemu,
Kegugah atiku krungu suaramu..
Aku mung biso ndedungo
waranggono sing tak tresno,
Mugo biso urip tentrem mulyo..
Tak tulis lakon tresnamu
ing gending katresnanku,
Tak tembangne saben kangen sliramu..
Sak tenane aku nangis
nanging tresno wis ginaris,
Tak lakoni kanti ikhlas ati..
Wuyungku ngelayung
ngamboro ing awang awang,
Tanpo biso nyanding aku
mung biso nyawang..
Tumetes eluhku deres mili ono pipi,
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni..
Wis lilakno aku kangmas,
Wis cukup lalekno..
Lelakon tresno iki bakal dadi crito,
Tresno waranggono..
Ra keroso wis sewindu
nggonku ora ketemu,
Kegugah atiku krungu suaramu..
Aku mung biso ndedungo
waranggono sing tak tresno,
Mugo biso urip tentrem mulyo..
Tak tulis lakon tresnamu
ing gending katresnanku,
Tak tembangne saben kangen sliramu..
Sak tenane aku nangis
nanging tresno wis ginaris,
Tak lakoni kanti ikhlas ati..
Wuyungku ngelayung
ngamboro ing awang awang,
Tanpo biso nyanding aku
mung biso nyawang..
Tumetes eluhku deres mili ono pipi,
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni..
Wis lilakno aku kangmas,
Wis cukup lalekno..
Lelakon tresno iki bakal dadi crito,
Tresno waranggono..