Ya rasululoh salamun alaihk
ya rafi asyani waddaraji
atwatayyaji ratalalami
ya uhai laljuudi walkarami
ya uhai laljuudi walkarami
ngawiti ingsun nglara syiiran
kelawan muji maring pengeran
kang paring rohmat lan kenikmatan
rino wengine.. tanpa pitungan
rino wengine.. tanpa pitungan
duh bolo konco.. priyo wanito
ojo mung ngaji syareat bloko
gur pinter dongeng nulis lan moco
tembe burine... bakal sangsoro
tembe burine... bakal sangsoro
akeh kang apal quran hadiste
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe gak digatekke
yen isih kotor.. ati akale
yen isih kotor.. ati akale
gampang kabujuk nafsu angkoro
ing pepahese gebyare dunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine.. peteng lan nisto
mulo atine.. peteng lan nisto
ayo sedulur..jo nglekakee
wajibe ngaji sak pranatane
nggo ngandelake iman tauhide
baguse sangu..mulyo matine
baguse sangu..mulyo matine
kang aran sholeh..bagus atine
kerono mapan sari ilmune
laku tarekat lan makrifate
ugo hakekat..manjing rasane
ugo hakekat..manjing rasane
Alqur'an kodhim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancep ake ing njero dodo
Den tancep ake ing njero dodo
Cumantel ati lan fikirane
Mrasuk ing badan kabeh jero'an
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan.. manjinge iman
Minongko dalan.. manjinge iman
Kelawan Alloh.. Kang moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riyadho'i
Dzikir lan suluk.. jo nganti lali
Dzikir lan suluk.. jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir.. saking pengeran
Kabeh tinakdir.. saking pengeran
Kelawan konco.. dulur lan tonggo
Kang podo rukun podo daksio
Iku sunnahe rosul kang mulyo
Nabi muhammad.. panutan kito
Nabi muhammad.. panutan kito
Ayo nglakoni sekabeane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
senajan asor toto dhohire
ananging mulyo..makom drajate
ananging mulyo..makom drajate
lamun palastro..ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
den gadang allah suargo manggone
utuh mayite..ugo ulese
utuh mayite..ugo ulese
ya Rosula ALLAH SALAMUN alaik
YA ROFI ASYANI wadaroji
athfata yaaji rotal Aalamin
YA uhailalju di walkaromi
YA uhailalju di walkaromi
=====>>BY.SANG-BAYU<<=====