Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setyo nrajang telenging ati
Angen- angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yayi
Wong bagus age nyedhako ning sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lereme rasaku tentrem ing atiku
Haywo pegat tresnamu sayangku
Pindho samudro pasang kang tanpo wangenan
Tresnoku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong bagus age nyedhako ngekep ragaku
Sirnakno loro bronto ing atiku
Amergo kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywo pegat tresnamu dhuh sayangku