🐥PODANG KUNING🌾🐤
🌾MAWI BOWO ASMORODONO🌾
🖋️Pangripto tembang; Dalang Darno
🌾Song Uploader
꧁❤⃝🕊️🅱🅰YU💎💲iWi❤⃝🕊ᤢ͜꧂
====🌾Bowo🌾====
Nadyan wujudte mung peksi... (8i)
Agawe talining bronto... (8o/a)
Alus manis nengsemake... (8e)
Wus suwe nggonku lelono... (8o/a)
Nggoleki podang jenar... (7a/o)
Ibo bungahing atiku... (8u)
Nyanding biso dadi tombo... (8o/a)
🌾Cakepan langgam🌾
Esuk awan ning omah wis ora krasan
Keluyuran anggoleki seng tak sayang
Mubeng mubeng mider anggonku nggoleki
Ora kroso esuk awan nganti bengi
Eman eman yen nganti liyo kang nyayang
kleyang kleyang tak sawang mencok ning epang
Gegancangan tak rindik soko kadoan
Sarwi ngoceh deweke ngalih pencokan
E-la kae tak suwun mbok ojo ngece
Podang kuning agawe pikirku koming
Sleret ireng tak sawang tambah manise
Ibo bungah yen klakon nyandhing slirane
Ora bakal atiku kegiwang liyan
Yen si podang andudut ati kepranan
Ora mendho atiku sansoyo ndodro
Tak sranani sun pikat pulute bendho
꧁❤⃝🕊️🅱🅰YU💎💲iWi❤⃝🕊ᤢ͜꧂
Esuk awan ning omah wis ora krasan
Keluyuran anggoleki seng tak sayang
Mubeng mubeng mider anggonku mideri
Ora kroso esuk awan nganti bengi
Eman eman yen nganti liyo kang nyayang
kleyang kleyang tak sawang mencok ning epang
Gegancangan tak rindik soko kadoan
Sarwi ngoceh deweke ngalih pencokan
E-la kae tak suwun mbok ojo ngece
Podang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang tambah manise
Ibo bungah yen klakon nyandhing slirane
Ora bakal atiku kegiwang liyan
Yen si podang andudut ati kepranan
Ora mendho atiku sansoyo ndodro
Tak sranani sun pikat pulute bendho
====🙏🏻Sampun Cekap🙏🏻====