Nang gunung gung liwang liwung
Lahir bocah sing dadi wong agung
Mbah buyute tentara Indonesia
Gagah perkasa lan berwibawa
Sudirman panglima besar
Kaya kiyai enom ngagem blangkon
Digawe patunge nang bupati
Jumenenge nang bunderan HI
Sudirman lahire nang bantar barang
Pinter ngaji gedene mimpin perang
Sabdane kaya ratu kepanditan
Kridane kena kanggo patuladan
Nang anak buahe paling disenengi
Nang musuhe palinge diwedeni
Semangate kaya singa barong
Ora wedi ancamane diobong
Sudirman mimpin perang gerilya
Munggah mudun gunung mlebu metu desa
Musuh dicegat nganggo udan barat
Dongane direwangi para malaekat
Panglima besar jendral sudirman
Wis kondang nang ngendi papan
Mimpin perang lagi nandang gerah
Semangate pantang menyerah
Sudirman panglima besar
Kaya kiyai enom ngagem blangkon
Digawe patunge nang bupati
Jumenenge nang bunderan HI
Sudirman lahire nang bantar barang
Pinter ngaji gedene mimpin perang
Sabdane kaya ratu kepanditan
Kridane kena kanggo patuladan
Nang anak buahe paling disenengi
Nang musuhe palinge diwedeni
Semangate kaya singa barong
Ora wedi ancamane diobong
Sudirman mimpin perang gerilya
Munggah mudun gunung mlebu metu desa
Musuh dicegat nganggo udan barat
Dongane direwangi para malaekat
Panglima besar jendral sudirman
Wis kondang nang ngendi papan
Mimpin perang lagi nandang gerah
Semangate pantang menyerah