Wong Jawa aja ilang Jawane
Wong Jawa aja ilang budayane
Wong Jawa aja ilang adate
Jawa digawa ning endi parane
Tiyang Jawi tansah bisa anjawani
Ngagungke laku budi pekerti
Jiwa Jawane manunggal ing rasa
Aja tumindak angkara murka
Iku warisane leluhur bangsa
Diuri- uri karsane lestari
Kudu dirawat ben ora kuwalat
Dijaga ditata aja sampe musna
Gusti Hyang Widi sampun nitipi
Budaya agung ing Tanah Jawi
Kedah disyukuri aja diilangi
Nguri- uri tradisi
Iku jati dhiri kang sejati
Pitara bangsa atirodra
Budaya pusaka anindita
Reksa wiyana westu
Iku warisane leluhur bangsa
Diuri- uri karsane lestari
Kudu dirawat ben ora kuwalat
Dijaga ditata aja sampe musna
Gusti Hyang Widi sampun nitipi
Budaya agung ing Tanah Jawi
Kedah disyukuri aja diilangi
Nguri- uri tradisi
Iku jati dhiri kang sejati