Kene kene, kene lungguh kene
Omong omong dikepenakke
wee e e oke oke wae
Pancen perlu kanggone aku kowe
Pumpung lego aku arep takon mas
Yen kok pancen kowe tresno aku ?
Ben kowe soyo le percoyo
tak wangsuli cobo takonono
Yen le mangan lawuhku lawuh tempe ?
Wes mestine aku yo lawuh tempe
Yen ben esuk ben sehat aku dede ?
Kwajibanku aku ngancani dede
Yen gi bokek sithik wae ra ono duit ?
Cepet cepet nunggu tak utangke
kePenak rak kepenak darling
mati urip barengan selawase
yen kon lungan bareng karo aku
ruh wong ayu kowe njur kepiye ?
Rak orane aku kepincut dekne
Paling paling mung nglirik sitik wae
Sirah mumet mergo masuk angin
Opo kowe sanggup ngeroki ?
Tak gosok tak pijeti terus
lha pokokke nganti kowe mari (opahane?)
Yen ku mlaku ra njarak kesandung watu ?
Tak tampani watune tak gebuki
Yen ning dalan ono priyo godho aku ?
Yen wonge cilik
tak tantang tak pentelengi
Yen gliyengan ndadakan njur semaput ?
Yo mesthine aku melu…
(lhoo nek kowe semaput nung dalan
yo tak tinggal)
(lhoo maaass kok ditinggal tho ? )
(rak tresno ?)
(yo tresnoo.. neng semaputmu
ojo neng dalan, ngisin ngisini)
(yowes tak semaput neng umah)
(lha ngono.. dadi iso semaput bareng)
Opo tenan mati urip karo aku ?
Wani sumpah seksine langit bumi
Sing pungkasan rungokno pitakonku
Bukti tresno aku kudu nglegani
Yen wes nasib awakku ndisiki mati
Oopo kowe yo saguh ngancani ?
Pitakon ojo aneh aneh
marakke bingung piye leh ku mangsuli