Sumribit angin ratri
Tansah angenteni
Setya najang telenging
Ati
Angen angen tumlawung suwung
Ing wengi sepi
Tansah angranti
Tekamu
Dhuh yayi
Wong ayu age nyedhak a
Ing sandhingku
Nyawang manising
Esemu
Gawe lerem e rasaku
Tentrem ning
Atiku
Haywa pegat tresnamu
Sayangku
Pindha samudra
Pasang kang tanpo
Wangenan
Tresnaku mring sliramu
Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar
Abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi
Lamunan
Ha- ha- ha
Wong ayu age nyedhak
O ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayang
Ing pikirku
Haywa pegat tresnamu
Dhuh sayangku
Pindha samudra
Pasang kang tanpo
Wangenan
Tresnaku mring sliramu
Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar
Abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi
Lamunan