.
".Ki Rudi Gareng."
".Banyu Langit."
.
Suoro angin angin sing ngreridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pengin nangis ngetok'ke eluh neng pipi
Suwe ra weruh senajan mung ono ngimpi
Ngalemo ngalem neng dadaku
Tambanono rasa kangen ning atiku
Ngalemo ngalemo neng aku
Ben ra adem kesiram udan ing dalu
.
Banyu langit sing ono duwur khayangan
Watu gedhe kalingan mendunge udan
Telesono atine wong sing kasmaran
Setyo janji seprene tansah kelingan
Ademe gunung merapi purba
Melu krungu suaramu ngomongke opo
Ademe gunung merapi purba
Sing neng Nglanggran Wonosari Yogyakarta
.
.
Janjine lungane ra nganti suwe suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti smene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane
Udan gerimis telesono klambi iki
Jroning dada ben ra garing ngekep janji
Ora lamis gedhene gonku nresnani
Nganti kapan aku ora biso lali
Ademe gunung merapi purba
Melu krungu suaramu ngomongke opo
Ademe gunung merapi purba
Sing neng Nglanggran Wonosari Yogyakarta
Janjine lungane ra nganti suwe suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti smene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane
.
.
.