bebasan nunggu mongso rendeng
anggonku leh ngenteni kowe
wes ono sesasi genep dino iki
mas yen pancen tresnoku iki
mbok anggep ra ono gunane
aku ra kuciwo lan aku ra loro
dek lungaku ra keket cidro
aku lagi pengen mikir kerjo
tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnoku mung siji kowe
langit bumi kang dadi seksine
yen neng ati ra ono wong lanang liyo
kowe rasah sok mutusi ,
aku ra neng endi-endi
aku lungo amung golek rejeki
pangapurane awakku
ra tau nyanding sliramu
mergo tuntutan kerjoku
nganti ora nduwe wektu
wektu kanggo ngancani
ugo ngeterke nyanyi
kowe kudu ngerti lungaku golek rejeki
dongakno lakuku ngayahi kewajibanku
senajan abot kanggomu
nanging kuatno atimu
wes dadi kahanan aku lungo adoh paran
ora bakal golek lan
nyanding wedokan liyan
dek lungaku ra keket cidro
aku lagi pengen mikir kerjo
tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnoku mung siji kowe
langit bumi kang dadi seksine
yen neng ati ra ono wong lanang liyo
ojo keloro-loro lungaku ra keket cidro
opo meneh nganti mikir
aku wes ora tresno
yo mung kowe sing tansah
ono neng njero dodo
ra ono tresno liyo
mergo aku tansah setio
kudu percoyo tresnoku
iki mung siji kowe
wani sumpah mati
neng ati ra ono liyane
janjiku tak buktekke
ora mung ono lambe
tunggunen baliku
bebrayan tekane sak lawase
dek lungaku ra keket cidro
aku lagi pengen mikir kerjo
tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnoku mung siji kowe
langit bumi kang dadi seksine
yen neng ati ra ono wong Lanang liyo
kowe rasah sok mutusi ,
aku ra neng endi-endi
aku lungo amung golek rejeki
anggonku ngabari yo mung lewat bbm-an
kadang sinyal angel
marai dadi penghalang
neng yo kudu sabar ,
ora usah nggo nesunan
mergo tresno kui mestine akeh pacoban
sing tak jaluk kowe
ojo nganti ilang roso
senajan aku kerep gawe gelo lan kuciwo
jembarno atimu
sak jembare laut samudro
kowe kudu ngerti yen
aku iki mung cah kerjo
mas yen pancen kuwi karepmu
aku yo mung tansah biso nunggu
tak kuatne atiku tanpo sliramu
mas nadyan kowe lungo kerjo
sing tak jaluk kowe tetep setyo
ojo nganti kegudho wanito liyo
sabaro aku yo mung cah kerjo