SRAMPAT IJO IJO
Tayub
SALAM SANTUN SANGKING PONOROGO
"SUMONGGO DIPUN LARAS"
Tansah lewung atiku kayungyung
Slagamu soyo nambahi wangun
Dasar ayu lencir kuning
Ora mokal atiku dadi koming
Mesemo sethitik aku wis trimo
Keno kanggo tomboo..o..o..o...
Kangenku rino wengi
Tansah lewung atiku tan biso lali
Tansah lewung atiku kayungyung
Slagamu soyo nambahi wangun
Dasar ayu lencir kuning
Ora mokal atiku dadi koming
Mesemo sethitik aku wis trimo
Keno kanggo tomboo..o..o..o...
Kangenku rino wengi
Tansah lewung atiku tan biso lali
:
SALKOMSEL SHOBAT
Salam Satu Jiwa
Ijo ijo mas... kembang kenongo
Kembang melati putih rupane
Nduwe bojo... ojo sembrono
Cukup siji kanggo sak lawase
Putih putih... kembang melati
Ijo ijo... godhong meniran
Jane ngono... yo mung siji
Yen dadi loro e..e..kebeneran
Sing abang mas... pirang pirang
Sing ijo... kok mbok undhuhi
Wong sing legan... pirang pirang
Sing duwe bojo kok mbok labuhi
Ijo ijo dhik... godhonge jati
Ono luwak... nggondholi sajen
Golek bojo... pilih sing gemati
Lamun gemati nyang awak kajen
Ijo ijo mas... si manalagi
Manalagi... legi rasane
Duwe bojo... sing gemati
Luwih becik tembe mburine
Abang abang... wedange jahe
nggo wedangan... karo mbakyune
Uwong lanang... iku wis patrape
Mung sumelang karo bojone
Ijo ijo dhik... godhonge rawe
Bareng tak pethik... abang putunge
Jane ngono... aku ngesir kowe
Sayang sithik wis ono sing nduwe
Etan kali dhik... kulon yo kali
Tengah kali... gak onok uwote
Etan gemati kulon yo gemati
Tak timbang timbang podho a..bo..te..
MATURSUWUN