menu-iconlogo
huatong
huatong
avatar

Lestari

WAHYU F GIRIhuatong
appogiaturahuatong
เนื้อเพลง
บันทึก
Sang dewi katon nglamlami

Ambabar wewangi semi

Arum kembange melathi

Dhasar wulane ndadari

Wong ayu setya rumeksa nala

Sasat abyoring kartika

Kadya puspita ing nendra

Hanjangkepi tresna

Rasa tresna kang

Sejati manggiha lestari

Angidung tembang suci

Nyengsemi sakjroning sepi

Cahyamu amadhangi saratri

Dadya kembange ati

Angen- angenku lelana tawang

Mideri tanpa wangenan

Lumaku nembus marang kabagyan

Banget manis sinawang

Wong ayu setya rumeksa nala

Sasat abyoring kartika

Kadya puspita ing nendra

Hanjangkepi tresna

Rasa tresna kang

Sejati manggiha lestari

Angidung tembang suci

Nyengsemi sakjroning sepi

Cahyamu amadhangi saratri

Dadya kembange ati

Angen- angenku lelana tawang

Mideri tanpa wangenan

Lumaku nembus marang kabagyan

Banget manis sinawang

Wong manis sing tak sayang

เพิ่มเติมจาก WAHYU F GIRI

ดูทั้งหมดlogo