menu-iconlogo
logo

Banyu Langit

logo
Şarkı Sözleri

Sworo angin,

angin sing ngreridu ati

ngelingake

sliramu sing tak tresnani

Pingin nangis

ngetokke eluh neng pipi

suwe ra weruh

senajan mung ono ngimpi

Ngalemo,

ngalem neng dodoku

tambanono roso kangen neng atiku

Ngalemo,

ngalemo neng aku

ben ra adem kesiram udaning dalu

Banyu langit sing ono nduwur kayangan

watu gedhe kalingan mendunge udan

Telesono atine wong sing kasmaran

setyo janji seprene tansah kelingan

Ademe gunung merapi purba

melu krungu swaramu ngomongke opo

Ademe gunung merapi purba

sing neng langgran Wonosari Yogyakarta

Janjine lungane ra nganti suwe suwe

pamit esuk lungane ra nganti sore

Janjine lungo ra nganti semene suwene

nganti kapan tak enteni sak tekane

Udan gerimis teles ono klambi iki

jroning dodo ben ra garing ngekep janji

Ora lamis gedhe neng nggonku nresnani

nganti kapan aku ora biso lali

Ademe gunung merapi purbo

melu krungu suaramu ngomongke opo

Ademe gunung merapi purbo

sing neng langgran Wonosari Yogjokarto

Janjine lungane ra nganti suwe suwe

pamit esuk lungane ra nganti sore

Janjine lungo ra nganti seprene suwene

nganti kapan tak enteni sak tekane