Ngawiti Ingsun Nglaras Sindiran
Kelawan poro wong nang nduwuran
Kang Ndalanake Dana anggaran
Ojo sembrono tanpo itungan
Ojo sembrono tanpo itungan
Duh poro konco priyo waniyo
Ojo mung njabat sare'at bloko
Gur pinter janji ra iso mbkutekno
Tembe mburine rakyat seng soro
Tembe mburine rakyat seng soro
Akeh kang pinter sekabehane
Seneng ngakali marang kuline
Elek'e dewe nggak di keto'ke
Padahal iku akal buluse
Padahal iku akal buluse
Gampang mbuji'i janjine goroh
Kangge menangke tuku suworo
Sarto wes lungguh neng kursi rojo
Janji janjine njur ora nyoto
Janji janjine njur ora nyoto
Ayo sedulur jo nglalekake
Karo seng ndisek mileh swarane
Ojo gedek'ke wetenge dewe
Seng ndukung kowe sek panggah kere
Seng ndukung kowe sek panggah kere
Dadi pejabat gak bakal suwe
Kadung wes rakyat gak ngarepake
Yen wes janjine gak di buktek'ne
Bakal di demo di gulingake
Bakal di demo di gulingake
Koran lan tv podo ngabarke
Pejabat maling akeh contone
Soko seng duwur sak ngisorane
Kruyuk'an ngembat jatah rakyate
Kruyuk'an nyunat jatah rakyate
Koyo' wes podo nunggu giliran
Sopo sing nyolong bakal konangan
Yen di percoyo dadi pimpinan
Kudu kang jujur lan kuat Iman
Kudu kang jujur lan kuat Iman
Kuwosone ndunyo ora hakiki
Ayo di jogo lan di syukuri
Yen panyuwune wes di turuti
Nang wong ngisorane jo' Nganti lali
Nang wong ngisorane jo' Nganti lali
Urep kang ayem rumongso aman
Dudu mergo ono neng duwuran
Sabar nerimo snajan pas pasan
Nyukuri takdir soko pengeran
Nyukuri takdir soko pengeran
Ayo poro konco dulur lan tonggo
Kang durung bener podo ilingo
Ojo di bumbung lan di jongkrok'no
Siji kang olo kabeh kang soro
Siji kang olo kabeh kang soro
Sindiran iki ojo dadi ati
Jo' Gawe bingung lan ojo wedi
Mung ngelingake kang nduwe janji
Mugo mugo slamet jo' nganti lali
Mugo mugo slamet jo' nganti lali