Kembang Glepang Banyumasan
Upload : Rafli Wong
Dhuh lae rama
Celuk celuk ana ngapa gendhung
Pada parikan kembang glepang
Sasorot kuntul ing nglayang
Kebeneran wayah ngene parikane kembang glepang
Sasorot kuntule layang
Pegat kadang kinasihan
Eman eman gendhung kecuek
Kembange kembang glepang
Urip iki aja sumelang aja nganti pegat kadang
Pitik walik jambul ireng
lirak lirik wong enyong seneng
Pitik walik jambul abang
lirak lirik katungkul nyawang
Pitik walik jambul wulung
lirak lirik wong enyong tepung
Upload : Rafli Wong
Dhuh lae rama
Celuk celuk maning ana ngapa gendhung
Kakang kakang pengendange
inyong neng kene duwe sedulur lanang
Kebeneran bisa nggo ampiran
Enyong rabi rika maleni
rika rabi enyong parani
Rika nyumbang apa gendhung
Kakang kakang pengendhange
Enyong duwe sedulur lanang
Kebeneran nggo ampiran
Plesir sore dompete abang
Mikir kowe arang arang nyawang
Plesir sore jungkate penyu
Ngesir kowe arang ketemu
Bisa nggambang ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora bisa nyandhing
Upload : Rafli Wong
Dhuh lae rama
Ngundang maning ana ngapa gendhung
Apa rika tumon maning
Ana kinjeng nggeret lintang
Apa memper ana kinjeng kok nggeret lintang
Rika arep tumon beli enyong tumon iki
Pancen bocah seneng kluyuran
Kinjenge kinjeng kebo
Lintange lintang luku
Ana kebo nggeret luku
Pitik walik jambul ireng
lirak lirik wong enyong seneng
Pitik walik jambul abang
lirak lirik katungkul nyawang
Bisa nggender ora bisa nylenthem
Lungguh jejer ora bisa nylenthem
Dhuh lae rama
Celuk celuk maning ana ngapa gendhung
Apa rika tumon maning
Ana pisang nunggang kupu
Apa memper ana pisang nunggang kupu
Rika arep tumon beli enyong tumon iki
Pancen bocah seneng kluyuran
Pisange pisang raja
Kupune kupu gajah
Ana raja nunggang gajah
Plesir sore dompete abang
Mikir kowe arang arang nyawang
Plesir sore jungkate penyu
Ngesir kowe arang ketemu
Bisa nggambang ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora bisa nyandhing
Pitik walik jambul ireng
Lirak lirik wong enyong seneng
...