Gawang gawang trus ngalelo
candik ayu ambabar rasaning ati
janji prasetyo satuhu
cinidro pisahing tresno
sworo angin
binarung mego lan mendung
ilining tirto ing kali oya
rasaning cinidro janji
Naliko ing wayah sore
Gawang gawang, mung katon eseme
Amung tansah ngawe awe
Angleledo mung ngatoni wae
Sliramu wus ora ono
Duh wong ayu..
tego ninggal lungo
Mbok eling mbiyen prasetyo
Sineksenan, ilineng kali oya
Saben saben, aku nunggu
Mung ngarep tekamu
Kumricik ing banyu kali
Anambahi kekesing ati
Ning pinggiring kali oya
Duh wong ayu.. awakku dedungo
Mugo mugo enggal bali
Tak enteni ning pinggiring kali
Saben saben, aku nunggu
Mung ngarep tekamu
Kumricik ing banyu kali
Anambahi kekesing ati
Ning pinggiring kali oya
Duh wong ayu.. awakku dedungo
Mugo mugo enggal bali
Tak enteni ning pinggiring kali