Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro
Kelawan mekak howo
Howo kang dur angkoro
Senadyan setan gentayangan
Tansah gawe rubedo
Hinggo pupusing jaman
Hameteg ingsun nyirep geni nyiso murko
Maper hardening ponco
Saben ulesing netro
Linambangan sih kawelasan
Ingkang paring kamulyan
Sang Hyang Jati Pengeran
Jiwanggo kalbu samudro pepuntoning laku
Tumuju dateng gusti
Dzat Kang Amurbo Dumadi
Manunggaling kawulo gusti
Krenteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun tanpo piranti
Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito
Maneko warno prodo
Mbangun projo sampurno
Sengkolo tido mukso
Kolobendu nyoto sirno
Tyasing roso mardiko
Mugiyo den sedyo pusoko Kalimosodo
Yekti dadi mustiko sajeroning jiwo rogo
Bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono
Byar manjing sigro- sigro
Ampuh sepuh wutuh tan keno iso paneluh
Gagah bungah sumringah
Ndadar ing wayah- wayah
Satriyo toto sembodo
Wirotomo katon sewu kartiko
Kataman wahyu Kolosebo
Memuji ingsun kanthi suwito linuhung
Segoro gondo arum suh rep dupo kumelun
Tinulah niat ingsun
Hangidung sabdo kang luhur
Titahing Sang Hyang Agung
Rembesing tresno tondo
Luhing netro roso
Roso rasaning ati kadyo tirto kang suci
Kawistoro jopo montro
Kondang dadi pepadang
Palilahing Sang Hyang Wenang
Nowo dewo jawoto tali santiko bawono
Prasido sidhikoro ing sasono asmoroloyo
Sri Narendro Kolosebo
Winisudo ing gegono
Datan gingsir sewu warso