Nudo koro wes telung tahun
Nggon ku nunggu bali mu darwanti
Jebul tek tekane seliramu nglarani atiku
Koe ngemuk atiku darwanti
Koe ora kuat njogo yoan
Ojo koyo ngunu yo kang
Terus kui seng mbok gowo anak e sopo dar kebageten awak mu
Tak lilani biyen kowe lungo
Pawelingku ojo nganti sembrono
Ing luar negeri kudu sing ati ati
Anak bojo ning omah ngenteni
Nggonku nunggu ngenteni balimu
Tak rewangi buruh nitik watu
Kowe mulih malah nglarani ati
Ora gowo duit malah gowo bayi
Anake sopo kuwi anakke sopo
Aku isin yen di sawang tonggo
Emoh nyawang aku wes emoh nompo
Ora kelingan janjimu semono
Omah gedeg iki wes arep rubuh
Piye aku ra neteske eluh
Nyawang anak soyo gede ragate
Kowe muleh lungo bayi oleh olehe
Kang aku seng bali kang
Bayi iki ora salah kang
Sak temene aku seng luput
Bayi iki ojo mbok sio sio yo kang
Tenan yo kang sepisan maneh aku njaluk sepuro
Nggonku bali njaluk pangapuro
Pancen wong kerjo akehing panggodho
Ing luar negeri aku wis ati ati
Bakal njogo welingmu lan janji
Ning kepriye aku mung sakdermo
Dadi wong wadon sing ra duwe doyo
Aku di pekso ngladeni majikan
Nuruti howo ngumbar nafsune setan
Aku kang salah aku sing kebak doso
Bayi iki ojo di sio sio
Aku wis kliru jaluk pangapuro
Kabeh iki ora tak sengojo
Sakmestine yen to kangmas gelo
Nyawang aku rakeno di percoyo
Dadi wong wadon sing ra tahan godo
Sepisan maneh mung jaluk pangapuro