Numpak kapal menyang nong Bali
Tengah laut mesine mati
Iseh cilik sregepo ngaji
Yes wes gede dadio kyai
Numpak sepeda merk suzuki
Bensin entek mesine mati
Ayo semangat golek rejeki
Yen wis akeh dienggp munggah haji
Numpak mobil budhal nong Kediri
Tengah dalam dicegat polisi
Sholat limang wektu ojo lali
Kanggo besok sangune mati
Numpak dokar nong Banyuwangi
Muter-muter golek minyak wangi
Bojo mursal rasah diturati
Lebih baik dijolne sapi
Numpak sepeda, sepeda jengki
Ning tengah dalam ketemu Pak Haji
Kowe susah aku seng ngeragati
Serto wes seneng ora ngerumangstani
Numpak becak lewat pinggir kali
Becak nabrak bane kari siji
Ati susah ojo suwi suwi
Luweh penak ditinggal ngopi
Beras asale soko pari
Ning sawah ketemu Pak Tani
Atine seneng janjine dirabi
Tapi nyatane mung diapusi
Jangan koro sambele ranti
Wetenge luwe njaluk dipakani
Bojo loro jare kurang siji
Bojo telu pengen nambah lagi
Sego jagung iwake teri
Bungakasane nggawe godhong jati
Ono bujang jenenge mas Toni
Tapi nyatane dudo anak siji