Asalamu'alaikum
MAPAK SINDEN
CAH SRAGEN
Mbakyu sinden nopo pareng kulo taken,
Wulan niki calangane pinten enggen..
Malem pitu sapar nopo tasih lodhang,
Menawi lodhang mbakyu kulo bade calang.
Saget mawon mas,wong kulo nembe longgar,
Wulan niki calangan mboten bladegan..
Nanging pripun mas,mangke kulo mangkate,
Dipun papag nopo kulo budhal dewe..
Menawi purun mbok kulo papag pisan,
Saget mawon mas,waton ra menggok dalan..
Pun kuatir nadyan tiang gambyongan,
Kulo niki mboten nate sembranan..
Mangke riyen mas ampun lali panjere,
Piro piro,waton ono taline..
Pun kuatir mbak pinten to bayarane,
Sing penting,biso mapag sindene..
Mbakyu sinden nopo pareng kulo taken,
Wulan niki calangane pinten enggen..
Malem pitu sapar nopo tasih lodhang,
Menawi lodhang mbakyu kulo bade calang..
Saget mawon mas,wong kulo nembe longgar
Wulan niki calangan mboten bladegan..
Nanging pripun mas mangke kulo mangkate,
Dipun papag nopo kulo budhal dewe..
Menawi purun mbok kulo papag pisan,
Saget mawon mas,waton ra menggok dalan..
Pun kuatir nadyan tiang gambyongan,
Kulo niki mboten nate sembranan..
Mangke riyen mas ampun lali panjere,
Piro piro waton ono taline..
Pun kuatir mbak pinten to bayarane,
Sing penting biso mapag sindene..