Ora ngira ora dinyana- nyana
Wong bagus gawe kelara- lara
Tek tunggu- tunggu awit esih enom
Bareng ketemu ora gelem takon
Ora terang ora mikirna udan
Ditunggoni mbuh nganti tekan kapan
Nang jembatan nduwur kedung penganten
Mangu- mangu ora leren- leren
Kali klawing kali larangan
Ceritane wong wadon karo wong lanang
Kesandung tresna suwe ora kelakon
Sebab banyu bening lan banyu kotoran
Kelara- lara si kali klawing
Duwe sumpah kanggo pengeling eling
Ngoyok jejaka kali larangan
Mulane pindah- pindah ora karuan
Jengkele kali klawing yen lagi banjir
Banyune mbludhage tekan nang pinggir
Kali klawing
Kali larangan
Selawase tetep oyok- oyokan
Ora ngira ora dinyana- nyana
Wong bagus gawe kelara- lara
Tek tunggu- tunggu awit esih enom
Bareng ketemu ora gelem takon
Kali klawing kali larangan
Ceritane wong wadon karo wong lanang
Kesandung tresna suwe ora kelakon
Sebab banyu bening lan banyu kotoran
Kelara- lara si kali klawing
Duwe sumpah kanggo pengeling eling
Ngoyok jejaka kali larangan
Mulane pindah- pindah ora karuan
Jengkele kali klawing yen lagi banjir
Banyune mbludhage tekan nang pinggir
Kali klawing
Kali larangan
Selawase tetep oyok- oyokan
Kali klawing kali larangan
Selawase tetep oyok- oyokan