Berag tua ngeluyur saben dina
Mampar mampir
Ning warung pinggir dermaga
Larak lirik mata maen gaya
Kurang terange nganggo kaca mata
Balik maning pikire kaya remaja
Klalang kliling
Ngulati wong wadon rangda
Bagen tua ngaksie remaja
Ora eling ning umah putune sanga
Berag tua duh selewa-lewa
Ora mikir kluarga ning rumah
Ora perduli uang harta benda
Asal aja sampe nmgerusak raga
Kumis tipis alla si toni kurtis
Pesam pesem prangsane wong paling laris
Ora ngarti yen wis dawa umure
Warna loro uga rupa rambute
Berag tua umure sewidak sanga
Lunga-lunga ora kari kaca mata
Kanggo mikat bocah wadon sing gaya
Bagen sora ngentokena pekaya
Pleat pleyot dasar pipine kempot
Lantang lantung
Kulite wis pada ngluntung
Pasang aksi nganggo jas setelan dasi
Nggo nutupi pasang gigi variasi
Berag tua wis gage elinga
Kelingana bakal arep lunga
Aja padu nyenengakaen jiwa
Aja mumpung lagi sugih dunya
Berag tua arep kapan elinge
Ora lawas bakal dicabut umure
Kudu eling ning kelakuane
Eh tobata karo Pengerane