Syair Tanpo Waton
Edite : RiAVioNa Mdn12
️
Astaghfirullah, robbal baroyaah
Astaghfirullah, minal khothoyah
Robbi zidhni, ilmannafii'aa
Wawaffiqni, amalaan sholikha
( ( ( MUSIC ) ) )
Ya roshulalloh, salam mun'alaika
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii
Athfataiyajii rotal'alaami
Ya uuhailaljudiwalkaromi
Ya uuhailaljudiwalkaromi
Ngawiti ingsun, nglara syi'iran
Kelawan muji pareng pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine, tanpo pitungan
Rino wengine, tanpo pitungan
( ( ( MUSIC ) ) )
Duh bolo konco, prio wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine, bakal sangsoro
Tembe mburine, bakal sangsoro
Akeh kang apal, qur'an Hadist e
Seneng ngafirkeh
marang liyane
Kafir e dewe ga' di gatekke
Yen isih kotor, ati akale
Yen isih kotor, ati akale
( ( ( MUSIC ) ) )
Gampang kabujuk, nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugi e tonggo
Mulo atine, peteng lan nisto
Mulo atine, peteng lan nisto
Ayo sedulur, jo nglale ake
Wajib e ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhid e
Baguse sangu, mulyo matine
Baguse sangu, mulyo matine
( ( ( MUSIC ) ) )
Kang aran sholeh, bagus atine
Kerono mapan
sari ilmune
Laku torekot lan ma'rifate
Ugo hakekot, manjing rasane
Ugo hakekot, manjing rasane
Alqur'an kodhim, wahyu minulyo
Tanpo tinulis
iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancep ake ing njero dodo
Den tancep ake ing njero dodo
( ( ( MUSIC ) ) )
Kumantel ati, lan pikiran
Mrasuk ing badan
kabeh njeroan
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan, manjing e iman
Minongko dalan, manjing e iman
Kelawan Alloh, kang maha suci
Kuduh rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk
jo nganti lali
( ( ( MUSIC ) ) )
Urip e ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo najan paspasan
Kabeh tinakdir saking pengeran
Kabeh tinakdir saking pengeran
Kelawan konco, dulur lan tonggo
Kang podo rukun
podo ngasio
Iku sunnah e rosul kang mulyo
Nabi muhammad, panutan kito
Nabi muhammad, panutan kito
( ( ( MUSIC ) ) )
Ya roshulalloh
Salam mun'alaika
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii
Athfataiyajii rotal'alaami
Ya Uuhailaljudiwalkaromi
Ya Uuhailaljudiwalkaromi
Terima kasih