Parang tritis wis kondang kaloka
Papan endhah tumrap pariwisoto
Rame rame neng gisek ing samodro
Ojo lali kabeh kadang lan mitro
Monggo- monggo ojo nganti keri
Suko- suko kanggo nglelipur ati
Pro wisoto mudo mudi gembiro
Nuswantoro ugo monco negoro
Kabeh wae sing kakung lan sing putri
Parang tritis kae wis nganti anti
Gunung gunung sinawang katon asri
Wayah sore gawe tentrem ing ati
Eee kae aduh ibo endhahe
Nyawang langit katon abang cahyane
Binarung surut lan sireping suryo
Candik ayu mbabar wijiling dalu
Parang tritis nyoto nyoto ginaris
Wis tinulis dening poro winasis
Peziarah lan ugo poro tourist
Nora kendat tindhak nang parang tritis
Pro wisoto mudo mudi gembiro
Nuswantoro ugo monco negoro
Kabeh wae sing kakung lan sing putri
Parang tritis kae wis nganti anti
Gunung gunung sinawang katon asri
Wayah sore gawe tentrem ing ati
Eee kae aduh ibo endhahe
Nyawang langit katon abang cahyane
Binarung surut lan sireping suryo
Candik ayu mbabar wijiling dalu
Parang tritis nyoto nyoto ginaris
Wis tinulis dening poro winasis
Peziarah lan ugo poro tourist
Nora kendat tindhak nang parang tritis