ARUM DALU
Prigel Pangayu Anjarwening
Sumerbak nyirep teleng ati
Ngambar arum mlati ing ratri
Wewangianmu dina kawuri
Seksi katresnan sejati
Nyawang pasuryanmu
ing tawang
Ketaman ayune sri wulan
Koyo koyo wus sesandingan
Senadyan amung wewayang
Amung wewayang..
Kelingan setyamu
kelingan sedyamu
Naliko nate janji janji
Sebo ing dampar ati
Ngelali opo wis lali
Sekar kang rinonce
datan kedunung
Nandhang lelakon tuwuh
getun keduwung
Tumetes waspo
tibo ing lembayung
Pindho ombak samudro
tan kebendung
Mego mendhung
tan kandheg tetangis
Nelesi kembang ati sing atis
Ati ketaman janji lamis
Kegondho lathi kang manis
Grentes ginaris
Sekar kang rinonce
datan kedunung
Nandhang lelakon tuwuh
getun keduwung
Tumetes waspo
tibo ing lembayung
Pindho ombak samudro
tan kebendung
Ginurit endah
sastro kang semu
Tansah ngerindu
jroning lamunku
Tan ono liyo among slirahmu
Nyoto jejantung
ing tilam sariku
Cahoyo netraku..
Matur Suwon