L:wong ayu tresnamu kinaryo tombo
susah jroning batinku
P:wong bagus antebno roso atimu
tresnoku tulus jroning kalbu
L:siang pantoro ratri
mung eling manising ati
sedyaku biso anduweni
marang sang dyah sulaksmi
P:roso kangen kang nglimputi
lintang bulan dadi seksi
ubayane datan mbalenjani
janji seboyo mukti seboyo pati
L:wong ayu tresnamu kinaryo tombo
susah jroning batinku
P:wong bagus antebno roso atimu
tresnoku tulus jroning kalbu
L:senadyan ngarungi banyu segoro
rosoku rabakal sirno
P:senadyan nyowo oncat soko rogo
wis tresno rabiso dipisahno
L:roso kangen kang nglimputi
lintang bulan dadi seksi
P:ubayane datan mbalenjani
janji seboyo mukti seboyo pati
L:wong ayu tresnamu kinaryo tombo
susah jroning batinku
P:wong bagus antebno roso atimu
tresnoku tulus jroning kalbu
L:senadyan ngarungi banyu segoro
rosoku rabakal sirno
P:senadyan nyowo oncat soko rogo
wis tresno rabiso dipisahno
yen wis tresno ora biso dipisahno