Jamu.....Jamu...
Mbakyu.. mriki tumbas jamu
E jamu...jamune
Badan sehat Awak kuat yen di ombe
Mbakyu....mbakyu
sampean Mriki kulo tumbasi
Monggo monggo sing pait opo sing legi
Legi wae tambah eseme bakule
Jo sembrono mas dadi gawe
Biso bedo mas wekasane
E jamu....jamune
Cabe puyang awak mriang biso ilang
Mbakyu mbakyu
Tambah Malih Cabene puyang
Monggo monggo janji ora ndadak nganyang
Nganyang wae wong pengin nyanding bakule
Ojo ngono mas ra prayogo
Ora jodho mas dadi loro
E jamu...jamune
Jamu kates Awak ethes sak lawase
Mbakyu mbakyu tambah malih jamune kates
Jamu kates wong urip wajib sing bares
Bares wae wong naksir karo bakule
Ojo ngono mas..rak ndrawasi
Yen mengkono mas..didukani
E jamu...jamune
Beras kencur Awak kujur dadi mujur
Mbakyu mbakyu
Tambah malih berase kencur yu
Monggo monggo manise koyo wong anggur
Yen kanggoku sing manis kuwi sliramu
Opo tenan mas..ngendikamu
Yen guyonan mas..ojo seru seru
Ah Tenan Kok yu...
Jamune pancen mak nyoz
Piye Mas...
Sesuk Mriki Malih Nggih..
anggere di tukoni lho nggih..