Kendal kaline wungu
Ajar kenal karo aku
Lelene mati digepuk
Gepuk nganggo walesane
Suwe ora pethuk
Ati sida remuk
Kepethuk mung suwarane
Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Luwih becik
Omong kosong
Semarang kaline banjir
Ja sumelang ra dipikir
Jangkrik upa saba ning tangga
Malumpat ning tengah jogan
Wis watake priya
Jare ngaku setya
Tekan ndalan selewengan
Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Wani nglirik
Sepi uwong
Yen ngetan bali ngulon
Tiwas edan rak kelakon
Yen ngrujak
Ngrujaka nanas
Aja ditambahi kuweni
Kene tiwas nggagas
Awak adhem panas
Jebul ana sing nduweni
Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Sampun cekap mangsa borong