Mustikaning ratri 
Ing tengah ratri citraning bulan ndadari 
Sumerbak arum puspito pindha banjaran sari 
Tansah eling mring sliramu duh memanisku 
Kang katon ing netro amung wewayangan kang semu 
Senadyan amung ono lamunan 
Nanging aku duweni katresnan 
Kang nyipto wiwaraning roso 
Mugiyo tan nyikso.. Jiwo lan rogo 
Yen biso ora amung sewindhu 
Nanging tekan puputing yuswaku 
Arsa netepi kasetyaning kalbu 
Mung kanggo sliramu 
Mustikaning jejantungku 
Asri ning kang sang putri pinongko seksi 
Agunging hyang widi 
Paring warno kadyo hapsari 
Tresnaku mring sliramu 
O~ra mung semu.... 
Sumanding mring yayi 
Tak rengkuh dadio janji 
Asri ning kang sang putri pinongko seksi 
Agunging hyang widi 
Paring warno kadyo hapsari 
Tresnaku mring sliramu 
Ora mung semu.... 
Sumanding mring yayi 
Tak rengkuh dadio janji 
Lali lali datan biso lali 
Lawas soyo katon 
Umpamakno wit witan kang gedhe 
Tinutuhan datan biso mati 
Mrajak soyo semi 
Tresnaku ngrembuyung..