Anane mung tresna kalih welasku 
Anane mung iki sing tak nduweni 
Daya-daya ngganduli, daya-daya nangisi 
Kesandhung-sandhung aku maksane atimu 
Gapuk, meh tumbang, tak gawe-gawe dhewe 
Ra isa ngukur, kurang kesadharanku 
Kekarepanku, yen pancen dadi siji 
Isa ngrumat lan baturi 
Tekan besok nganti pethuk pati 
Urung kewujud, kowe kesusu mutusi 
Aku sembrana ning ra sepira 
Malah dadi perkara 
Nanging ra papa ketula-tula 
Dadi tulisan kanggo cerita tuwa 
Anane mung tresna kalih welasku 
Anane mung iki sing tak nduweni 
Daya-daya ngganduli, daya-daya nangisi 
Kesandhung-sandhung aku maksane atimu 
Gapuk, meh tumbang, tak gawe-gawe dhewe 
Ra isa ngukur, kurang kesadharanku 
Kekarepanku, yen pancen dadi siji 
Isa ngrumat lan baturi 
Tekan besok nganti pethuk pati 
Urung kewujud, kowe kesusu mutusi 
Aku sembrana ning ra sepira 
Malah dadi perkara 
Nanging ra papa ketula-tula 
Dadi tulisan kanggo cerita tuwa 
Anane mung tresna kalih welasku