Putraku si ande ande ande lumut
Tumuruno ono putri, kang unggah unggahi
Putrine ngger, kang ayu rupane
Kleting ijo iku kang dadi asmane
Duh ibu, kulo mboten purun
Duh ibu, kulo mboten medun
snadyan ayu,
Sisane si yuyu kangkang
Putraku si ande ande ande lumut
Tumuruno ono putri, kang unggah unggahi
Putrine ngger, kang ayu rupane
Kleting abang iku kang dadi asmane
Duh ibu, kulo dereng purun
Duh ibu, kulo mboten medun
Nadyan ayu,
Sisane si yuyu kangkang
Putraku si ande ande ande lumut
Tumuruno ono putri, kang unggah unggahi
Putrine ngger, kang olo rupane
Kleting kuning iku kang dadi asmane
Duh ibu, kulo inggih purun
Duh ibu, kang putro bade medun
Nadyan olo,
Meniko kang putro suwun
Nadyan olo,
Meniko kang putro suwun