Walang kekek menclok nang tenggok
Mabur maneh menclok nang pari
Ojo ngenyek yo mas
Karo wong wedhok
Yen ditinggal lungo setengah mati
E...ya..eo....ya..e..ya
E...ya ..eo...ya..e...yaiyo...yaiyo
Manuk sriti kecemplung banyu
Bengi ngimpi awan ketemu
Walang abang menclok nang koro
Walang biru ..walange putih
Bujang mane yo mas ora ngluyuro
Sing wis duwe putu ora tahu mulih
E...ya...eo....ya...e...ya
E...ya...eo...ya....e...yaiyo....yaiyo
Biso nggambang yo mas
Ora biso nyuling
Biso nyawang ora biso nyanding
Walang ireng mabur brenggenggeng
Walang ireng dowo suthange
Yen podo seneng yo mas
Ojo mung mandeng
Golek ono ngendi omahe
E...ya...eo....ya..e...ya
E...ya...eo...ya...e...yaiyo....yaiyo
Biso nggambang yo mas
Ora biso ndemung
Biso nyawang ora wani nembung
Walang kekek walange kayu
Walang kayu tibo neng lemah
Yen kepengen yo mas arep melu aku
Yen mung trimo tak kon jogo ngomah
E...ya...eo....ya...e...ya
E...ya...eo....ya...e...yaiyo....yaiyo
Andeng andeng ono pilingan
Ojo dipandeng mundhak kelingan
Walang kekek menclok neng tampah
Mabur mrene menclok wit pete
Sumengkemono mring Gusti Allah
Nindhakake dawuh dawuhe
E..ya...eo....ya...e...ya
E...ya...eo ...ya...e...yaiyo....yaiyo
Walang kekek walange kadung
Walang kekek sampun rampung