Dasar ora nepak ngawak
Eling umur wis sewidak
Esuk sore tindak
Nggawani lipen karo bedak
Nggo pranti moles awak
Limbeane nyempal blarak
Gole mlaku pating kradak
Liwat ngarep koplak
Menyak kulit gedang keplarak
Meklosak nibani cikrak
Nek atos aja diklethak
Wis tua aja kemlithak
Kegeden empyak kurang cagak
Eling maring sanak sedulur putu lan anak
Aja kakean sing dicandak
Mlebu nggua nggramak nggramak
Tambah tua tambah ladak
Gole polah kaya wong pencak
Dela dela njingkrak
Banjuran ngguyu nyekakak
Karo merem ndangak ndangak
Esuk- esuk kayong nggipyak
Diundang ora gelem nylingak
Nganggo sandal gapyak
Monine pating kemlotak
Kepadug ngrukebi becak
Dasar ora nepak ngawak
Eling umur wis sewidak
Esuk sore tindak
Nggawani lipen karo bedak
Nggo pranti moles awak
Limbeane nyempal blarak
Gole mlaku pating kradak
Liwat ngarep koplak
Menyak kulit gedang keplarak
Meklosak nibani cikrak
Nek atos aja diklethak
Wis tua aja kemlithak
Kegeden empyak kurang cagak
Eling maring sanak sedulur putu lan anak
Aja kakean sing dicandak
Mlebu nggua nggramak nggramak
Tambah tua tambah ladak
Gole polah kaya wong pencak
Dela dela njingkrak
Banjuran ngguyu nyekakak
Karo merem ndangak ndangak