Kelingan wewayanganmu
Wong bagus sing tansah nggudo atiku
Esem lan sorot mripatmu
Kuwowo mbedah tresno kang ono jroning atiku
Rembulan lintang wes tangi
Sumunar njalari endahe wengi
Silire angin ngancani
Nggonku ngenteni sliramu mbukak lawange ati
Jroning sepi kok bisike
Tresnamu sing tak karepke
Sepine atiku ngenteni asihmu
Tak tunggu tetese tresnamu